Zo BLOG|Tawassul

Tawassul
26 Oct 2009  11:14
Dunyo pancen reno reno. 
Ono sakgolongane wong sing Anti tawassul karo Gusti nabi ugo poro Auliya. 
Semono ugo ora sarujuk marang Amaliyah tahlilan,yasinan utowo Ziarah Kubur. 
Alasane jare 'Syirik utowo bid'ah'. 
Kudune sakdurunge ngecap 'Syirik' utowo 'bid'ah' luwih dhisik kudu mangerteni 
makna lan maksude Syirik iku opo lan Bid;ah iku opo.. 
Syirik mungguh maknane yaiku : 
Yakin wujude perkoro sing anduweni kuwoso madhani Gusti Allah. 
Tembung 'Madhani' iku yo ateges ora bedho utowo ora kacek babar blas. 
Dadi koyo umpamane Wong Tawassul iku ora banjur yakin menawane 
sing digunakake tawassul iku anduweni kuwoso podho karo Gusti Allah. 
Gampange koyo tondhe ngene, 
Anak nyuwun duwit marang ibune,jalaran yakin sing duwe duwit iku ibune. 
hmm... 
Opo saktenane ibune duwe duwit?!.. Ha sejatine sing duwe duwit iku Gusti Allah, 
jalaran kabeh barang ing dunyo iki yo Gusti Allah kang KAGUNGAN. 
Yen pancen tawassul kalebu syirik kudune penggawe nyuwun duwit mau yo kalebu 
syirik. Iku nek KONSISTEN... 
Utowo nek nyuwun duwit kudu ditembungke 'Bu,kulo nyuwun duwite Gusti Allah 
ingkang dipun titipaken jenengan'.. 
Sakbanjure masalah Bid'ah.. 
Kapan kapan wae.. Hehehe...

[ndezo][Ayo Ngaji]
@ wocoing 13 Jun 2010 08:05
wocoxs@gmail.com
mas nyuwun ijin ngopi artikele
@ paiduling 27 May 2010 19:23
abdulxxx1@gmail.com
mbien aq yo diarani sesat krna mngedit tawassul n dzikir2 yg trbatas jarene kui syirik utowo bid'ah/sesat tp sabenere seng menghakimi kui syirik kui bid'ah dudu ustadz utowo muhadisin melainkan allahulhakim..
@ Jetzing 18 Feb 2010 19:54
jetz@tvn.hu
Mas, ditambah malih. Hehe... Dadi bisa tambah ilmune. Browsing tp ngaji..
@ yusroning 26 Oct 2009 15:47
eankq_maniez@yahoo.com
wuah! sae maz ingkang paz nyuwun arto. :-)

Tanggapan (4)
Nami (Wajib)

Griyo awang awang

Email

Tanggapan (Wajib)

Tag

Babagan
Umum(4)
Ngudhar roso(5)
Kejawen(2)
Ayo Ngaji(3)
Andum Weruh(5)

Email
Uthek
RSS 2.0
TERAS
©NdezO