Zo BLOG|Email kanthi domain gratisan co.cc sarono nunut domains.live.com

Email kanthi domain gratisan co.cc sarono nunut domains.live.com
01 Jan 2010  15:33
Sakliyane Google Apps,ono ugo mail server sing gelem ditumpangi domain gratisan kanthi gratis ugo. Yaiku Domains.live.com duwekane Microsoft.. Yen Google Apps setinge sawetoro rodo ribet jalaran MX record e cacahe 7,Domains.live.com cukup MX record siji. Sakmesthine yen arep nunutke domain,yo kudu anduweni domain. Dadi yo daptar domain disik umpamane nang Co.cc.Sakwuse duwe domain umpamane glodakbruok.co.cc banjur login Domains.live.com kanthi ID ne windows live. Gawe akun anyar yen durung duwe Window Live ID. Yen wus login,Pilih 'Add domain' supoyo metu kolom kanggo nulisake domain.Domain sing wis didaptarke nang co.cc mau dituliske ing kolome. Ing pilihan setup,pilih 'Set up windows...' banjur klik 'Continue'.Ing kaca sakbanjure ono syarat syarat ( TOS ) soko Domains.live.com sing kudu dituruti kanthi ngeklik 'I accept'. Sakbanjure Domains.live.com menehi value MX record sing kudu diset ing domain.. Umpamane value ne '1234567890.pamx1.hotmail.com'. Set MX record iki sifate kudu,dene set liyane iku opsional. Leren disik ing Domains.live.com pindah menyang Co.cc kanggo set domain.. Ing Co.cc kolom 'HOST' diisi domain (umpamane glodakbruok.co.cc).'TTL' dipilih '1H'. 'TYPE' dipilih 'MX'. 'Priority' diisi '10'. 'VALUE' diisi Kode sing wenehke Domains.live.com (umpamane 1234567890.pamx1.hotmail.com. Ojo lali klik 'setup'. Balik maneh menyang Domains.live.com.Ing kono domain glodakbruok.co.cc statuse 'Pending..'. Kanggo ngaktifake soko 'Domain settings' klik 'Refresh'. Set rampung kari ngenteni aktife. Yen wus aktif,berarti domain glodakbruok.co.cc wis kanggo alamat email.. Umpamane mumet@glodakbruok.co.cc
[ndezo][Andum Weruh]
@ Nikoing 09 Jan 2010 10:02
R ddi q jjl ge.
@ Zoing 09 Jan 2010 01:33
Dadi pora?
@ Suropejiing 03 Jan 2010 16:54
Mantap tutoriale,langsung ke tkp

Tanggapan (3)
Nami (Wajib)

Griyo awang awang

Email

Tanggapan (Wajib)

Tag

Babagan
Umum(4)
Ngudhar roso(5)
Kejawen(2)
Ayo Ngaji(3)
Andum Weruh(5)

Email
Uthek
RSS 2.0
TERAS
©NdezO