Zo BLOG|Google apps lan domain co.tv ( II)

Google apps lan domain co.tv ( II)
23 Dec 2009  14:28
Minongko sambungane bagian I.
Sakwuse ngeklik verifikasi,karo google digowo menyang dashbor.. Ing papan kene biso disumurupi servis servis wenehane google apps sing wis aktif lan sing durung.. Tumeko lakon iki servis email durung aktif.
Kanggo ngaktifake, ing kono ono tulisan rupo link 'activate...'.Link iku diklik supoyo nuju kaca sakbanjure sing isine perintah kanggo ganti/gawe MX Record ing domain. Cacahe MX record sing kudu digawe ono 7. Google dilereni maneh podho karo naliko arep verifikasi domain,tegese tanpo logout.
Mbalik menyang co.tv kanggo gawe MX record. Nambah zona record kanthi type MX cacahe 7.
Kanggo kolom host 7 record mau isine podho yaiki '@' (tanpo tanda petik).
Pertelane koyo urutan ngisor iki :
HOST/AUX/TYPE/VALUE
1.@/10/MX/ASPMX.L.GOOGLE.COM
2.@/20/MX/ALT1.ASPMX.L.GOOGLE.COM
3.@/20/MX/ALT2.ASPMX.L.GOOGLE.COM
4.@/30/MX/ASPMX2.GOOGLEMAIL.COM
5.@/30/MX/ASPMX3.GOOGLEMAIL.COM
6.@/30/MX/ASPMX4.GOOGLEMAIL.COM
4.@/30/MX/ASPMX5.GOOGLEMAIL.COM
.Sakwuse rampung anggone set MX ing domain,mbalik maneh menyang google apps,trus klik 'i have...'. Teko kene wis rampung anggone ngeset domain lan google apps,kari ngenteni verifikasi sing jare google butuh maksimal 48 jam. URL default Kanggo login Email yaiku 'mail.google.com/a/domain'. Url default iki biso diuwahi umpamane dadi 'mail.mumetmail.co.tv'.
Carane ?.. Soko dashbore google apps - Service settings - Email. Klik 'change url'. Ing kaca sakbanjure pilih pilihan sing 'custom'.Kolome diisi subdomain sing arep digawe umpamane 'mail'. Ditulis subdomaine thok tanpo domaine.Dadi 'mail' ora 'mail.mumetmail.com'..!
Klik 'Continue' banjur ono prentah supoyo gawe RECORD anyar sing rupo CNAME.
Wira wiri mbalik nang co.tv gawe RECORD maneh type CNAME. 'HOST' diisi 'mail' thok. 'Value' diisi 'ghs.google.com'. Setup,mbalik google apps,Klik 'I have.. ' . RAMPUNG

[ndezo][Andum Weruh]

Tanggapan (0)
Nami (Wajib)

Griyo awang awang

Email

Tanggapan (Wajib)

Tag

Babagan
Umum(4)
Ngudhar roso(5)
Kejawen(2)
Ayo Ngaji(3)
Andum Weruh(5)

Email
Uthek
RSS 2.0
TERAS
©NdezO