Zo BLOG|Google apps lan domain co.tv ( I )

Google apps lan domain co.tv ( I )23 Dec 2009
13:11Dudu bab anyar ngrembug babagan gawe Email kanthi domaine dhewe sarono nunut google apps.
Tak tulis babagan iki kanggo pengeling ngeling tumrap aku dhewe lan sopo ngerti migunani tumprap liyane.
Fasilitase google apps sing koyo mengkono mau yaiku kanggo gawe email kanthi domaine dhewe iku diwenehke gratis tis kanggo sing edisi standart.
Lha apike maneh google apps iku gelem dinunuti domain gratisan sing penting domaine mau biso diset MX RECORD e lan CNAME. Koyo dene co.tv. Senajan kalebu wetonan anyar nanging co.tv anduweni fasilitas cukup komplet.
Saiki aku arep ngrembug gawe google apps kanthi domain co.tv.
Syarate sing mesthi kudu duwe akun nang co.tv,nek durung duwe yo gawe dhisik.Sakbanjure gawe domain nang co.tv umpamane mumetmail.co.tv.Sakwuse daptaran domain komplet,ora usah disetup dhisik.
Saiki pindah nang google apps,pilih standart edition trus daptar. Nalika daptar milih pilihan 'Administator' trus tulisake domain ing kolom kang sumadyo. Sakwuse ngeklik 'get started' banjur ono kolom kolom data profil sing perlu diisi,ojo lali 'i understand..' dicentang.
Klik 'continue' supoyo nuju ing kaca sakbanjure.Ing kaca kono ono panyuwunan verifikasi domain,milih sing ngisor alias ganti CNAME dudu sing Upload.Karo google banjur diwenei kode sing kudu disalin kanggo verifikasi. Kode mau dicatet sing bener.
Sawetoro leren disik anggone nguthek google,nanging ojo logout..!
Pindah maneh nang co.tv. Login,pilih domain sing mau didaptarke nang google apps. Setup pilih Zona Record.. Kodene google mau banjur ditulisake ing kolom 'host',kanggo 'type' pilih 'CNAME',aux dikosongi,kolom 'value' diisi 'google.com'. Klik setup.. Mbalik nang google apps sing mau ditinggal, klik tombol sing nuduhke verifikasi domain..
Bersambung [ndezo][Andum Weruh]