Itungan rakaat tarawih|Zo BLOG
Discover the Best Mobile Websites now!

Itungan rakaat tarawih
31 Jul 2011  11:42
Sesuk wis mlebu wulan Romadhon,wulan sing utomo mungguh kito poro muslim. 
Ora perlu digolekne dalil yen ing wulan Romadhon poro muslim diwajibake nglakoni poso,sebabe kabeh wis weruh. 
Sethithik pingin ngomongake yen ing wulan Romadhon ono amalan amalan sunnah sing khusus, koyo dhene Shalat tarawih. 
Perkoro shalat Tarawih iki pancen biasa dadi pasulayan ing bab itungan rakaate.. 
Ora ateges nyalahke marang sing duwe panemu,tapi yen aku manteb itungane rakaat iku 20. 
Sebabe iku sing aku ngerti lan yakin. 
Dhene sing duwe panemu itungane rakaat iku 8 utowo liyane,aku ora arep nacat lan nyalahke. 
Masalah furu'iyah ono khilaf iku wis mesthi,ora perlu gegeran. 
Yen gegeran bab furu'iyah ateges urung mudheng bedhane masalah opo sing ora oleh khilaf lan masalah opo sing oleh khilaf. 
Koyo hukume shalat 5 wektu iku jelas ora mungkin dikhilafne. Kabeh mufakat yen iku wajib. Nanging carane shalat (syarat,rukun,kesunnahan lan mubthilat) iku biso wae ora podho panemune. 
Senajan mengkono,ora ateges bebas gawe panemu dhewe dhewe. Kudu ngerti pakem kanggo istidlal.  
Yen ora,tegese yo ngawur. Yen ngawur berarti mesthi luput. 
Sing katon lucu maneh, menowo ono dalil sing nyalahke panemu sing wis kadung diyakini,ono sing banjur gampang ngomongke yen iku haditse dlo'if utowo maudlu' senajan hadist iku diriwayatke rowi sing tsiqoh. 
Romadhon iku wulan luhur lan agung,ojo diregeti karo alane penyono marang liyan, opo maneh nuding olo marang poro muslim sing biasane malah kanthi nyebut jeneng. 
- Madu rinoso pahit mungguh wong sing ora sehat - 
- Bening sinawang buthek mungguh wong belekan - 
- Bener sinawang luput mungguh wong sing drengki - 
- Tawaashou bil haqq -

[ndezo][Ayo Ngaji]
Tanggapan ( 3 )
@paimin ing 10 Aug 2011 21:31
pak ndez dilawan, muleh ora suwalan
@Harriesta ing 31 Jul 2011 17:02
Pie ki yo.....aku rak reti bahasa jowo, njaluk tulung seh di translate nang boso menado :D
@Asenk ing 31 Jul 2011 12:17
Awakmu wong tarekat endi kang
ndezo Mudhengku mung berkat senk..
Nami (Wajib)

Griyo awang awang

Email

Tanggapan (Wajib)


Babagan
Umum(4)
Ngudhar roso(10)
Kejawen(2)
Ayo Ngaji(5)
Andum Weruh(8)



TERAS
Discover the Best Mobile Websites now!

©NdezO