Hisab lan Rukyat.. Kudune piye|Zo BLOG
God Can Give True Love
Hisab lan Rukyat.. Kudune piye30 Aug 2010
23:28Lumrahe nek arep syawal,akeh sing podho ngrembug lan gegeran bab hisab lan rukyat.
Awit wong sing pancen mudheng perkoro iki nganti sing babar blas ra mudheng melu urun rembug.
Saktenane ora perlu gegeran nek pancen podho mudhenge.
Aku dhewe kalebu sing manut Hisab murni.
Ngopo kok milih hisab?!..
Rukyat iku butuh syarat syarat sing antarane yoiku wong sing rukyat kudu duwe sifat -'adalaturriwayah-. Nek ra mudheng -'adalaturriwayah- yo ra usah melu melu ngrembug bab iki.. Hehehe..
Sakliyane iku, aku gumun yen gegeran bab iki kok mung pas wulan wulan tertentu.. Iki ngopo?!
Padahal kudune angger wulan hijriyah iku pakeme podho..
Moso awal wulan syawal manut rukyat lan wulan muharram manut hisab?!..
Pakem model piye ngono iku?!
Alasan liyane..
Aturan dasare waktu waktu syar'i iku pancen Rukyat,trus hisab digawe kanthi niteni lakune sasaran sing dirukyat ( srengenge/bulan ) nganti biso dadi data data sing relatip akurat..
La terus ora mung awal wulan hijriyah sing butuh rukyat,wektu shalat ugo butuh rukyat..
Yen awal wulan hijriyan sasaran hilal,wektu shalat sasaran srengenge..
Contone : wektu dzuhur iku yen srengenge wis lingsir mengulon soko tengahe langit.
Kerono Aku yen wektu shalat yo melu hisab ( jam ),mulo aku awal wulan hijriyah aku ugo melu hisab..
Supoyo ora plin plan..
Tulisan iki ora kanggo nentang sing melu rukyat,mung kanggo penegasan masalah konsisten nang pilihan..
-Yen nderek rukyat sumong tapi ingkang konsisten ( nderek rukyat ugi ing saben awal wulan hijriyah ugi ing waktu shalat ) -
Kerono Aku sing sanggup konsisten nang Hisab,mulo Aku melu HISAB...
Maturnuwun..[ndezo][Ayo Ngaji]
Tanggapan ( 2 )
@
andik ing 23 Aug 2011 17:06
andik33@yahoo.comgus,n'masyarakat kito biasane ngantosi pengumuman saking mentri agama niku sae mboten.tros prayogine kito seng makempal kaleh masyarakat ndinginaken hisab sing biasane di lampahi pondok-pondok nopo ngrantosi pemerintah.matur suwun
@
Suropeji ing 16 Sep 2010 12:52
Kalo masalah kaya ginian mah aku ngikut aja..