Bidah.. Sing koyo opo|Zo BLOG
God Can Give True Love

Bidah.. Sing koyo opo
06 May 2010  00:50
Babagan bid'ah ki wus dadi bahan polemik awit jaman biyen,ewo dene nganti saiki ora rampung rampung.. Malah iso diarani sansoyo rame.. Sakdermo ngudharake roso,aku nulisake ing kene.. Yen makna BID'AH miturut 'bahasa' yaiku 'Ngendahake' tegese gawe perkoro tanpo anane conto, mulo Gusti ALLAH anggadhahi asma agung -AL BADI'- Sing tegese Dzat kang nyipto opo wae tanpo nyonto.. Banjur tembung -BID'AH- dadi istilah sing anduweni makna khusus yaiku : Opo wae sing ora ono dhasare ing QURAN&SUNNAH.. Sejatine yen tegese BID'AH iku koyo koyo kabeh mufakat.. Nanging njur ngopo kok nang tataran praktek dadi suloyo?!.. 
Hmm.. Ono sing nganggep amaliah amaliah sing wis masyhur awit jaman kuno kalebu BID'AH,malah SYIRIK. Koyo dene mauludan,ziarah kubur lan sakpiturute.. Kudune yen arep ngarani iki BIDAH,iki dudu,yo kudu ngerti pakeme.. QURAN & SUNNAH iku SUMBER HUKUM.. yen sumber tegese mili terus lan tansah bening.. QURAN & SUNNAH iku anduweni makna sing MANTHUQ lan MAFHUM.. Ora cukup nganggo MANTHUQ e thok tanpo nganggo MAFHUM e.. Padahal cakupane MAFHUM iku jembar banget.. lan ugo kanggo ngaweruhi MAFHUM butuh sarana werno werno. Koyo to ASBABUNNUZUL,MAUQI'ULKHITOB,NAHWU,SHARAF Lan sapiturute.. Ha nek mung ngerti terjemah QURAN & HADITS,njur rumangsane paling ITTIBA' maring QURAN & SUNNAH Opo ora malah katon bodho ne?!.. 
-Tawashou bil haqq-  
Pangapuntene sing boten sakpanemu..

[ndezo][Ayo Ngaji]
Tanggapan ( 5 )
@ponorogo ing 18 Jul 2010 17:40
febriherlambang@yahoo.com
Pean ponorogo kaliih gontor .pundi maz zo
@paidul ing 27 May 2010 18:57
abdulxxx1@gmail.com
ya bner pean kang bid'ah ki zo ono hasane barang,seng ngarani stiap bid'ah ki sesat yo prkoro rak gelem ngaji tafsir ngertine gur quran n hadis thok tur rak gelem mbandingake hadis lione..
@nang_zen_ ing 26 May 2010 00:21
zainal4all@yahoo.com
pak, angsal mboten menawi nyalin-nempel ingkang wonten mriki? Yo mestine kanthi ditulis sumbere. Suwun.
@ndop ing 08 May 2010 14:24
melu ngaji..
@Krezno ing 08 May 2010 09:15
Wah tiba'e kang ZO ki ora mung jago mprogram web. Tp ugo jago urusan ngaji. Ora rugi aku ajeg dolam mrene. Di akehi tulisane sing babagan ngajine yo kang..
Nami (Wajib)

Griyo awang awang

Email

Tanggapan (Wajib)

Kode (Wajib)
39121

Babagan
Umum(5)
Ngudhar roso(11)
Kejawen(3)
Ayo Ngaji(5)
Andum Weruh(8)



TERAS
God Can Give True Love

©NdezO