Arah Kiblat|Zo BLOG
Need Prayer? God loves you!
Arah Kiblat16 Oct 2010
20:45Durung sepiro suwe ono rame rame babagan arah kiblat.. Nganti ono kabar yen arah kiblate geser..
Setengah bingung,aku njur angen angen maksude geser iku kepriye..
Sakwuse golek warto songko lor kidul,etan kulon akire genah jluntrunge yen tegese minger mengalor songko arah kulon lurus ora songko arah kiblat sing saiki..
Hmm.. Sakjane kanggo ngaweruhi arah kiblat iku biso diitung songko garis bujur lan lintang.. Carane kepiye?
Sing mesthi kudu ngerti garis bujur lan lintang daerah sing bakal diitung,ugo garis bujur lan lintange makkah..
Miturut data songko Sajda.com garis bujur lan lintang Makkah yoiku :
39 49 BT 21 25 LS.
Kanggo conto daerah umpamane Ponorogo. Miturut sumber sing podho bujur lan lintang ponorogo yoiku :
111 30 BT -7 51 LS.
Dene rumuse ngitung arah kiblat koyo iki :
Cotan Q = Cos L x Tan Lm / Sin ( B - Bm ) - Sin L / Tan ( B - Bm ).
Katrangan :
L = Lintang daerah sing diitung.
Lm = Lintang Makkah.
B = Bujur daerah sing diitung.
Bm = Bujur Makkah.
* Kanggo daerah sing Lintang Selatan,perlu diwenehi tanda minus ( - ) Kanggo itungan.
Dadi yen miturut data lan rumus ing nduwur arah kiblat PONOROGO Songko arah KULON LURUS Miring mengalor 24 27.
- Maturnuwun- [ndezo][Ayo Ngaji]
Tanggapan ( 0 )